Minggu, 10 Februari 2013

Kuli Bangunan
Vokal : Sonny Josz

Telung tahun aku kenal kowe
Hubungane podo rakete
Bapak ibu kabeh wis setuju
Kepingin duwe mantu aku
Kowe seneng aku yo seneng
Podo-podo nduweni tresno
Sumpah janji neng pinggir kali
Nanging saiki kowe sing ngingkari
Tak belani dik kerjo bangunan
Ora perduli panas lan udan
Tak belani dik kerja bangunan
Demi tresno marang sliramu
Aku ora nyono kowe arep ngono
Tego temen kowe ninggalno aku
Aku ora nyono kowe arep ngono
Tega temen kowe ninggalno aku
Reff ;
Kembali ke atas……..

Wong Deso
Ciptaan : Sonny Josz / Rasso R
Vokal : Sonny Josz
Produksi : NN

Ireng kulitku, putih kulitmu
Rombeng klambiku, ko toko klambimu
Pikiren disik, yen seneng aku
Sing luwih apik, ojo kesusu

*)
Aku wong deso, sliramu wong kutho
Aku wong miskin, uripmu terjamin
Ojo toh mobil, ojo toh motor
Sepedah wae, aku ra duwe

reff :
Aku iki dik, anake wong tani
Bapakku macul, si mbok buruh tandur
Yen sliramu dik, putrine wong duwur
Bapakmu lurah, tur uripmu makmur
Opo yo gelem, mengko uwong tuomu
Yen duwe mantu, sing miskin koyo aku

kembali ke *)..aku wong deso…

Sumi Wong Ndeso
Ciptaan : Sonny Josz
Vokal : Sonny Josz

Laki :
Dhik kowe pancen ayu
Yen kowe ngguyu nyenengke atiku
Lambene sigar jambe
Yen tak sawang tambah ayune

*)
Dhik aku naksir kowe
Apa kowe wis ono sing nduwe
Wis ono rong minggu
Tak simpen ono njero dodoku
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Kembang ndeso asli Wonogiri
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Sumpah mati aku tresno sliramu
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Kembang ndeso asli Wonogiri
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Wani sumpah sikilku ketiban palu

WANITA :
Opo mas kowe pancen tresno
Atiku iki isih ragu-ragu
Yen pancene tresno
Cepet lamaren marang wong tuwoku

REFF :
kembali ke *)

Minggat

Sonny Josz
Sri, kapan kowe bali 
Kowe lungo ora pamit aku 
Jarene neng pasar, pamit tuku trasi 
Nganti saiki kowe durung bali
[Reff:] 
Ndang balio.. Sri 
Ndang balio…o 
Aku loro mikir koweono ning endi
Ndang balio.. Sri 
Ndang balio.. o 
Tego temen kowe minggat ninggal aku
Yen pancene Sri kowe eling aku 
Ndang balio 
Aku kangen setengah mati

Sri, opo kowe lali 
Janjine sehidup semati 
Aku ora nyono kowe arep lungo
 Loro atiku, atiku loro
Ndang balio.. Sri 
Ndang balio…o 
Aku loro mikir koweono ning endi
Ndang balio.. Sri 
Ndang balio.. o 
Tego temen kowe minggat ninggal aku
Yen pancene Sri kowe eling aku 
Ndang balio 
Aku kangen setengah mati
(Sri kowe nong endi to Sri?ndang balio to Sriaku kangenn…. banget)